Friday, November 20, 2015

Kisa 2 Pemuda Yang Baru Punya HP - Versi Kebumen

Kisah 2 pemuda dari Kebumen sing nembe nduwe HandPhone (HP), Udin & Dawir.

Udin : “Wir, agi ngapa kowe....dening nyekeli pager omah bae....”

Dawir : “Iya kiye Din, Inyong arep ngisi pulsa.......”

Udin : “Trus, apa hubungane ngisi pulsa karo nyekeli pager omah? Telpon bae operator... mesti beres!!”

Dawir  : “Nah kuwe masalahe, Din.....operatore ngomong ngongkon "tekan pagar", tapi wis tak pencet ping pira bae isih ora mlebu pulsane, jempole inyong nganti lecet giyeh....!!”

Udin : “hahaha....Kuwe sich durung sepira Wir, inyong luwih gemblung maning di kerjani operator.”

Dawir : “Loh kepriwe sih?”

Udin : “Kowe isih mending dikongkon menceti pager, lah inyong di kongkon "mencet bintang", Ujare inyong Gatot kaca apa di kongkon maring langit??!!?. Uwis pada gemblung kabeh apa yah operatore giyeh....??
  • Share:

0 komentar:

Post a Comment